Jumat, 23 September 2011


Khutbah ‘Iedul Fithri 1432 H
Di Dusun Plebengan Semanu Gunungkidul
السّلام عليكم ورحمة اللهِ وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُه وَ نَسْتَعِيْـنُه وَ نَسْتَغْفِرُه وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَ سَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِيهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَه وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَه  اشهد ان لا اله الاّ الله وحده لاشريك له واشهد انّ محمداعبده ورسوله , اللّهمّ صلّ وسلّم على محمّد وعلى اله واصحابه ومن تبعهم بإحسان إلى يوم القيامة , يآيّها الّذين آمنوا اتّقوا اللهَ حقّ تقاته ولا تموتنّ إلاّ وأنتم مسلمون , يآيّهاالنّاس اتقواربّكم الّذى خلقكم من نفس وّاحدة وخلق منها زوجهاوبثّ منهما رجالا كثيرا وّنسآء , واتقوااللهَ  الّذي تسألون به والأرحام إنّ الله كان عليكم رقيبًا , يآيّهاالّذين آمنوااتقوااللهَ وقولوا قولا سديدا يُصْلِحْ لكم أعمالكم ويَغْفِرْلكم ذنوبكم , و من يطع الله ورسوله فقد فاز فوزا عظيما    .       أمّا بعد , فإنّ أصدقَ الحديثِ كتابُ الله وخيرَ الهديِ هديُ محمّدٍ صلّى اللهُ عليه وسلّم , وشرَّ الأمور مُحْدَثَاتُهَا وكلَّ محدثتةٍ بِّدعة  وكلّ بدعة ضلالة وكلّ ضلالة فى النّار .
 أللهُ أَكْبَرُ , أللهُ أَكْبَرُ ولله الحمد
Kaum Muslimin Jama’ah Shalat ‘Idul Fithri ingkang dipun tresnani dening Alloh.
Sedaya puji namung Kagunganipun الله سبحانه وتعالى  , kita ngaturaken puji, kita nyuwun pitulungan, kita nyuwun pangapunten namung dateng الله سبحانه وتعالى  kemawon ,  ugi kita nyuwun pangreksa dateng الله سبحانه وتعالى  saking awonipun jiwa kita, ugi saking amal-amal kita. Kita nyekseni bilih mbaten wonten ingkang haq kita sembah kita ibadahi kajawi namung الله سبحانه وتعالى  kemawon , ugi kita nyekseni bilih Muhammad SAW. inggih hamba lan utusanipun..  Mugi-mugi Shalawat soho Salam saking الله سبحانه وتعالى  tansah katetepaken dateng Rasulullah Muhammad bin Abdillah  صلّى اللهُ عليه وسلّم , keluarganipun, shahabat-shahabatipun lan ugi sedaya pendherek-pendherekipun ngantos dinten kiamat.
أللهُ أَكْبَرُ , أللهُ أَكْبَرُ ولله الحمد
Mugi panjenengan ingkang sampun kulina nindakaken amal ibadah, amal shalih ing wulan Ramadlan ingkang sampun ninggalaken kita, supados panjenengan ngupadi njagi amaliah kula lan panjenengan sami. Mugi njagi salawing agesang ! Keranten الله  tansah Maha Mirsani kula lan panjenengan sedoyo ing sadengah wekdal lan sadengah papan panggenan.  Senaosa Ramadlon sampun kesah ninggalaken kita ananging wekdal kagem nindakaken amalan kangge tetiyang Muslim mboten badhe rampung sak derengipun tilar donya.  الله    paring pangendiko :
ôç6ôã$#ur y7­/u 4Ó®Lym y7uÏ?ù'tƒ ÚúüÉ)uø9$# ÇÒÒÈ      
Lan Ibadaho / sembahen Robb-mu nganti tumeko marang siro kang diyakini / ajal   QS. AlHijr (15) : 99

         Ikhwah fidien rokhimakumullah ingkang sampun kulinten ndatengi masjid, lenggah lan ’Ibadah ing Masjid ing mriku, monggo dipun lajengaken amalan sae meniko, keranten masjid-masjid meniko Baitullah ingkang kabangun kangge para kawula ingkang ‘Ibadah dateng الله   
         Para sederek ingkang sampun kulinten tilawatul Qur’an maos AlQur’an, dipun terusaken kemawon amalan meniko. Syukur saget dipun tingkataken nyinau artosipun lan tafsiripun sak lajengipun dipun terapaken ing panggesangan kula lan panjenegan sami, keranten kula lan panjenengan sedaya tansah mbetahaken AlQur’an. AlQur’an  meniko Nur Cahaya kangge kula lan panjenengan sedoyo, mergi tumuju dateng Jannah  ipun الله .  AlQur’an meniko tali ingkang kiyat ingkang saged ngubungaken ing antawis kawula dumateng  الله     
          Ikhwah fidien rokhimakumullah, panjenengan ingkang sampun kulina nindakaken  Qiyamul lail shalat dalu, ingkang kulina maringi shadaqah, lajenganken amalan shalih panjenengan ugi Istighfar, nyuwun pangapunten dumateng الله
 
أللهُ أَكْبَرُ , أللهُ أَكْبَرُ ولله الحمد
Jama'ah Shalat ’Ied رحمكم الله
Kewajiban tetiyang Muslim ingkang kedah dipun jagi lan dipun tindakaken kanthi sak sae-saenipun hinggih nauhid aken الله سبحانه وتعالى   ing sedaya aktivitas gesang. Inggih meniko inti da'wah sedaya Rasulipun الله سبحانه وتعالى   ingkang wiwitan inggih Nuh AS. Ngantos Rasul ingkang pungkasan hinggih Muhammad SAW, الله سبحانه وتعالى   ngendika ing dalem AlQur'an :
وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِى كُلِّ أُمَّةٍ رَّسُوْلاً أَنِ اعْبُدُوْااللهَ وَاجْبَنِبُواالطَّغُوْتَ
Lan temen  Ingsun wus ngutus siji Rasul marang saben-saben umat (supaya ngajak) supoyo Ibadaho sira kabeh marang Allah lan siro kabeh padha ngedohono thoghut iku (Q.S. An-Nahl : 36)
Ing dalem ayat sanes dipun sebataken :
وَمَا أَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رَسُوْلٍ إِلاَّ نُوحِيْ إِلَيْهِ أَنَّهُ لاَ إِلهَ إِلاَّ أَنَا فَاعْبُدُوْنِ ( الأنبياء : ٢٥ )
Lan Ingsun ora ngutus siji Rasul wae sak durungiro, kajaba Ingsun maringi Wahyu marang Rasul mau "Sak temene ora ana Ilah/sesembahan kang Haq sak liyaningsun, mulo Padha Ibadaho / nyembaho siro kabeh marang Ingsun," (Q.S. Al-Anbiya' : 25)
Sedaya Rasul da'wahipun mrintahaken umatipun supados nauhidaken الله سبحانه وتعالى
Nabi Nuh عليه السلام inggih Rasul ingkang kawitan dawuh dateng umatipun Ingkang dipun abadikan dening Allah ing dalem Al-Qur'an Surat Al-A'raaf ayat 59
لَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَى قَوْمِهِ فَقَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَهٍ غَيْرُهُ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ
Artosipun,"Temen Ingsun Wus Ngutus Nuh marang kaume, Sak banjure Nuh ngucap," Wahai kaumku padha ngibadaho nyembaho siro kabeh marang الله سبحانه وتعالى  , ora ono ilah / sesembahan kanggo siro kabeh kejobo sak liyane Panjenengane, sak temene (menowo siro kabeh ora pada ibadah/nyembah marang Allah سبحانه وتعالى  ),ingsun wedi siro kabeh bakal disiksa ana dina sing Gedhe (Kiamat),"
Ayat ingkang sami kaliyan meniko wonten ing ayat 65, 73 lan 85 Suroh ingkang sami.  Ugi dipun ngedikaaken dening Allah ing Al-Qur'an Surat Al- Ankabut: 16 Ibrahim عليه السلام dawuh, dumateng umatipun:
وإبراهيم إذ قال لقومه اعبدوا الله واتقوه ذلكم خير لكم إن كنتم تعلمون
"Lan (elingo) Ibrahim, nalikane deweke dawuh marang kaume," ngibadaho/ nyembaho siro kabeh marang الله , lan podho Taqwao siro kabeh marang Panjenengane, koyo mengkono iku luwih becik kanggo siro kabeh menowo siro kabeh podho mangerti."
Utawi dipun Ngendikakaken الله ing Al-Qur'an Surat Az-Zumar:11 bilih رسول الله صلى الله عليه وسلم  dawuh dateng poro manungso:
قل إني أمرت أن أعبد الله مخلصا له الدين
Kandhakno siro Muhammad," Sak temene Ingsun diphawuhi supoyo ibadah/manembah marang Allah SWT. Kanthi memurnikan kethaatan marang Panjenengane الله تعالى  , ing dalem nindaake Dien (agama).
أللهُ أَكْبَرُ , أللهُ أَكْبَرُ ولله الحمد
Jama'ah Shalat ’Ied Arsyadanillahu waiyyakum ajmain.
Ngilmu ingkang sakalangkung sae lan wajib dipun sinau dening saben tetiyang Muslim  inggih ma'rifatullah (ngenal الله تعالى  ). Saben tetiyang ingkang badhe ngrasuk agami Islam ingkang sepindhah ingkang kedah dipun ucapaken inggih Kalimah Syahadat.
اشهد ان لا اله الاّ الله واشهد انّ محمدارسول الله
Tiyang Muslim sak sampunipun nyekseni kanthi ngucapaken لا اله الاّ الله (mboten wonten Sesembahan ingkang Haq dipun sembah kajawi الله تعالى  ), mila ingkang kawitan ingkang kedah dipun mangertosi ugi dipun pahami inggih makna kalimah kasebat. Jumbuh Pangendikanipun الله سبحانه وتعالى  .
فاعلم أنه لا إله إلا الله واستغفر لذنبك وللمؤمنين والمؤمنات والله يعلم متقلبكم ومثواكم
Mula mangertiyo siro, Sak temene Ora ana Ilah / sesembahan (kang haq) kejaba الله تعالى  . Lan podho nyuwuno pangapuro kanggo dosanira dan kanggo (dosa)ne wong-wong mukmin, lanang lan wadon. QS. Muhammad: 19
Syaikh Muhammad bin Shalih Al-Utsaimin rahimahullah ngendika," ingkang dipun maksud ma'rifatullah inggih meniko ngenal الله سبحانه وتعالى  kanthi manah, ingkang konsekuensinipun nampi sedaya ingkang dipun syari'ataken dening Allah, patuh ugi tundhuk dateng Panjenganipun, mutusaken sedaya keputusan kanthi syari'at ingkang dipun asto para Rasulipun. Ugi ngrenungaken ayat syar'iyyah ingkang kamot ing Kitabullah lan Sunnah Rasulipun صلى الله عليه وسلم, ngrenungaken ayat-ayat kauniyah (ayat-ayat ingkang wonten ing alam semesta) inggih sedoyo makhlukipun. Perkawis meniko keranten saben tiyang ingkang ngrenungaken ayat-ayat kasebat sansoyo tambah angertosanipun dateng الله سبحانه وتعالى  . Pinangka Al-Khaliq (inggih ingkang nitahaken) ugi ingkang dipun ibadahi dipun sembah (Al-Ilaah).
أللهُ أَكْبَرُ , لا اله الاّ الله وأللهُ أَكْبَرُ أللهُ أَكْبَرُ ولله الحمد
Bilih artosipun syahadat لا اله الاّ الله         inggih pitados lan ugi ngikraraken bilih mboten wonten ingkang kagungan haq dipun ibadahi / dipun sembah kejawi الله سبحانه وتعالى  kemawon, cecepengan ugi nindakaken amal kanthi Kalimah syahadat Tauhid meniko.  Kalimah لا اله  ing mriku wonten Lam nafiyah lil jinsi ingkang artosaken nafiaken ngicalaken sedoyo sesembahan. Sak lajengipun lafad الاّ الله       artosipun pengecualian lan itsbat (netepaken) dumateng الله سبحانه وتعالى  kemawon. Pramila kula lan panjenengan sami kedah ninggalaken sedoyo ibadah ingkang dipun tujuaken dumateng sak sanesipun الله سبحانه وتعالى  lan ninggalaken Saking sedoyo sesembahan lan sak wangsulipun Netepaken naming الله سبحانه وتعالى  kemawon ingkang dipun ibadahi lan dipun sembah.
أللهُ أَكْبَرُ , أللهُ أَكْبَرُ ولله الحمد
Jama'ah Shalat ’Ied رحمكم الله                                 
Timbal balikipun saking pengakenan dateng Allah SWT ingkang sawiji. Inggih ngresikaken saking sedoyo keyakinan ingkang menyimpang ingkang mboten nggadhahi lelandhesan syari’at.
Dene yakin wontenipun sesembahan sak sanesipun الله سبحانه وتعالى  meniko pertondho ingkang jelas wontenipun penyimpangan keimanan kito dumateng الله سبحانه وتعالى  Kamangka رسول الله صلى الله عليه وسلم  Ngendiko:
 “Lan mangertiyo siro menawa sawijine umat dadi siji kanggo menehi manfaat marang siro mangka ora bakal bisa menehi manfaat marang siro. Kejobo kerana wus ditentokke dening Allah SWT. Marang sira, Lan menawa siji umat dadi siji kanggo menehi madharat/bakal nyilakaake marang siro mangka ora bakal bisa menehi madharat/ nyilakaake marang siro. Kejobo kerana wus ditentukke dening الله سبحانه وتعالى  marang sira.  Wus diangkat Qalam (pena) lan wus garing (tinta) lembaran-lembaran iku.” (Hadits RiwayatTurmudzi, Hadis Hasan)
Manungsa ingkang paham kalimah tauhid kanthi sak sae-saenipun, milo badhe ngeraosaken ketentraman gesang ing donya lan ing akhirat.  Piyambakipun mboten bade nate nindaaken setunggaling polah tingkah ingkang mboten migunani ingkang nyebabaken tebih kaliyan الله سبحانه وتعالى  . Menopo malih nindaaken perkawis ingkang anjalari dukanipun الله سبحانه وتعالى  Piyambakipun mboten nggantungaken malih kaliyan sak sanesipun الله سبحانه وتعالى  Kados : Jimat, kuburan, para wali, tahayyul, khurafat, ngramal nasib, dhukun lan sanes-sanesipun, keranten piyambakipun yakin bilih sedaya kala menika wau bathil/ mboten leres menggahipun الله سبحانه وتعالى   lan رسول الله صلى الله عليه وسلم  .
أللهُ أَكْبَرُ , أللهُ أَكْبَرُ ولله الحمد
Jama'ah Shalat ’Ied رحمكم الله
Mugi-mugi الله سبحانه وتعالى  tansah  maringaken  kenikmatanipun dumateng kita sak lajengipun mbikak manah kita kangge ngenal الله سبحانه وتعالى  sahingga kepitadosan kita dateng الله سبحانه وتعالى  san soyo lebet  lan saget nyegah kita saking lampah ingkang kalebet lampah-lampah ingkang nyekutoaken الله سبحانه وتعالى   kaliyan makhlukipun.
Menopo ingkang dipun alami kaum Muslimin ing wekdal-wekdal meniko, duka arupi fitnah, penindasan, perpecahan, sak rupine ugi ingkang sakalangkung nyakitaken penindasan saking kaum kafir dateng kaum muslimin, sedoyo meniko dados pepenget utawi malah adzab saking الله ingkang mula bukanipun inggih keranten mboten cecepengan dumateng Al-Qur’an lan As-Sunnah, sae ingkang hubunganipun kalian Aqidah / Tauhid, Ibadah, politik ugi asring kedadosan  congkrah antiwisipun tetiyang meniko, kajawi namung sakedik ingkang pikantuk taufik saking  الله  . kaum Muslimin mugi panjenengan sami pirso bilih umat meniko mboten saget uwal lan medal saking   sakthahing cecoben utawi adzab ingkang dipun raosaken meniko  kajawi wangsul dateng syari’atipun الله سبحانه وتعالى   inggih AlQur’an lan Assunnah Asshohihah manut pemahamnipun para salafus shalih.
Sak lajengipun Kita aturaken dateng para nem-neman, sae menika jaler ugi istri. Mugi dadoso nem-neman ingkang taat dumateng الله سبحانه وتعالى   ingkang samangkeh badhe pikantung pinayungan الله سبحانه وتعالى   ingkang kalebet pitung golongan, ingkang ing dinten menika mboten pikantuk pinayungan kejawi saking الله سبحانه وتعالى   
Para nem-neman kita suwun mboten gampil dipun goda lan dipun rayu saking bisikan nafsu syaithaniyah.
Dumateng para Ummi, ibu-ibu, monggo-monggo tansah jagi keluarga saking sedoyo bentuk ma’siat, didik putro-putri kito kanthi dienul Islam, Pendidikan Islam mboten cekap namung ing bangku sekolah kemawon, keranten wekdalipun ingkang paling kathah inggih wonten ing dalem utawi ing keluarga, semanten ugi kedah waspodo kathak pihak-pihak ingkang mboten remen menawi generasi Muslim  meniko kiat imanipun lan  aqidahipun. Pihak-pihak kolo wau ingkang secara terencana menyuguhkan tontonan-tontonan ingkang tebih saking syari’atipun الله سبحانه وتعالى  , contonipun kanthi remen mameraken auratipun ing layar tivi. Anggenipun ngagem rasukan mboten trep kalian syariat Islam. Sak sanesipun, wonten ing wekdal menika sampun kathah teknologi canggih ingkang arupi internet, ingkang nyawisaken mawerni-werni gambar ugi video ingkang nalingsir saking tuntunan Islam. Pramila kasuwun Bapak Ibu ngatos-atos menawi putro-putrinipun sami nyepeng handphone. Menika kathah maksiatipun tinimbang kesaenanipun. Sansoyo awis reginipun, sansoyo gampil anggenipun madosi gambar utawi video ingkang nalinsir saking bebener. Caos uninga bilih sak bibaripun Idul Fitri samangkeh wonten saktunggaling SMP wonten ing tlatah Semanu ingkang badhe ngedalaken 9 anak didikipun. Sedaya wau awit sampun nerak paugeraning agami. Sampun nglampahi kados dene tiyang emah-emah. Nangudzubillahimindalik.
أللهُ أَكْبَرُ , أللهُ أَكْبَرُ ولله الحمد
            Sak lajengipun kula ngemutaken dateng  pribadi  kulo khusus, ugi para jama’ah shalat ‘ied, kaum Muslimin, muslimat. monggo kita ikhtiyar berusaha, nambah ngilmi utawi ‘ulumuddien lan pangertosan kito inggih nderek kajian-kajian kanthi rutin lan kedah kito sisihaken wekdal kagem perkawis meniko sahingga leres aqidah kita, leres ibadah kita manut syari’atipun الله سبحانه وتعالى   lan manut tuntunan رسول الله صلى الله عليه وسلم  , ugi kita saget mbentenaken antawisipun ingkang haq lan ingkang bathil, ingkang leres lan ingkang lepat, sak lajengipun kita dipun tebihaken saking lampah ma’siyat dateng الله سبحانه وتعالى  .
            Mugi-mugi الله سبحانه وتعالى   kepareng maringaken tambahan Taufiq, Hidayah pitedah, saha Inayah pitulungan dateng kito, Aamien
أوصيكم وإيّاي نفسي بتقوالله   .
أقول قولي هذا أستغفر الله لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه إنّه هو الغفور الرّحيم
Jama’ah Shalat ‘Id Rohimakumulloh
Monggo kito nyuwun lan do’a dateng الله سبحانه وتعالى mugi dien meniko inggih syari’atipun saget katerapaken ing dalem panggesangan ing dalem keluarga kita, masyarakat kita bangsa lan negari kito sahinggo negari kita meniko dados negari ingkang sae lan (Rabbipun) inggih Rabb ingkang  Maha Paring ampunan  بلدة طيبة وربّ غفور , آمين
بسم الله الرّحمن الرّحيم  الحمد لله ربّ العالمين
اللهم صل على محمد وعلى آل محمد كما صليت على آل إبراهيم إنك حميد مجيد اللهم بارك على محمد وعلى آل محمد كما باركت على آل إبراهيم إنك حميد مجيد
للّهمّ اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات والؤمنين والؤمنات الأحياء منهم الأموات إنّك سميع قريب مجيب الدّعوات
اللّهمّ أصلح لنا ديننا الّذي هو عصمة أمرنا و أصلح لنا دنيانا الّتي فيها معاشُنا وأصلح لنا آخرتَنا الّتي فيها معادُنا واجعل الحياة زيادة لنا في كلّ خير واجعل الموة راحة لنا من كلّ شرّ
اللهم انا نسألك علما نافعا و عملا متقبّلا ورزقا حلالا طيّبا،وأدخلنا الجنّة مع الأبرار ياعزيز يا غفّار
ربنا لا تزغ قلوبنا بعد إذ هديتنا وهب لنا من لدنك رحمة إنك أنت الوهاب
ربنا لا تؤاخذنا إن نسينا أو أخطأنا ربنا ولا تحمل علينا إصرا كما حملته على الذين من قبلنا ربنا ولا تحملنا ما لا طاقة لنا به واعف عنا واغفر لنا وارحمنا أنت مولانا فانصرنا على القوم الكافرين
ربنا أفرغ علينا صبرا وثبت أقدامنا وانصرنا على القوم الكافرين
ربنا إنك من تدخل النار فقد أخزيته وما للظالمين من أنصار
ربنا إننا سمعنا مناديا ينادي للإيمان أن آمنوا بربكم فآمنا ربنا فاغفر لنا ذنوبنا وكفر عنا سيئاتنا وتوفنا مع الأبرار
ربنا وآتنا ما وعدتنا على رسلك ولا تخزنا يوم القيامة إنك لا تخلف الميعاد
ربنا لا تجعلنا فتنة للذين كفروا واغفر لنا ربنا إنك أنت العزيز الحكيم
ربنا هب لنا من أزواجنا وذرياتنا قرة أعين واجعلنا للمتقين إماما
ربنا اصرف عنا عذاب جهنم إن عذابها كان غراما
اللّهمّ انفعنا بما علّنتنا وعلِّمنَا ما ينفعنا وزدنا علمًا الحمد لله على كلّ حال وأعوذ بالله من حال أهل النّار. ربّنا آتنا في الدنيا حسنة وفي الآخرة حسنة وقنا عذاب النار.وصلّى الله على محمّد و على آ له وصحبه و سلّم ، والحمد لله ربّ العالمين